Tulisan Ing Dluwang Sasuwek

Geguritan No Comments

Suwekan dluwang iki isih tak simpen dhi
Tulisanmu isih lamat-lamat katon
Dak tamatke dhela ngetung lawang sak kutha
Dene aku kudu metani aksara siji-siji
Saumpama aku kudu mbedhah ukara kang kepatri

Kawedhar ana ing tulisanmu dhi
Blesare kabar kabur kang semawur
Antaraning ati kang ajur mumur
Lan pengarepan marang udan ing wayah sore

Saumpama wit-witan wis kadung rubuh
Katerak rosane angin wayah ratri
Nuli ngaburake angen-angene gegodhongan
Saora-orane isih ana lintang aran sena
Panggonan kanggo sambat lan suwala

Yen sliramu takon ana rasa apa?
Rungokna iba tangise dahana ing ngrawa
Yen sliramu takon tekan sepira?
Dawane ora nganggo udakara mbok menawa

Ya mung kari papat catur sing dadi wuninga
Rubuhing wit-witan ing gunung lima
Banter playuning angin kang nampeg dhadha
Gogroke gegodhongan garing kang kajuwing
Uga barek pengarepe lintang sena

Dhi…
Nalika dluwang iki dak lempit
Lekas udan deres sesore mbendhe
Dak simpen primpen ana sangisore bantal
Muga bisa gae pepeling nganti mbesuk tahun dal
Mbok menawa…

Klaten 14 Jjan 2009

Ndhuk

Geguritan No Comments

Mbok menawa wis wayahe ya ndhuk
Yen Kanugrahan lan kabegjan wis padha gathuk
Apa maneh kabeh wis padha sarujuk

ananging…

Tak rasakne ana sing beda
Beda amarga ana kang suda
Ora kabeh suda pancen

Ndhuk
Sapa maneh sing ngramut kembang ngarep omah
Sapa maneh sing njangan tahu karemanku
Simbok saiki wis ora patek permati
Dene Bapak ya ora pati gemati

Senthongmu saiki kothong ndhuk
Mak tratap saben aku liwat
Ah bocah iki….

Nyandhak rong dina sesuk
Ameh telung windu tinggal sak warsa yuswamu
ah.. muga-muga Gusti paring berkah lan kebegjan
mring kowe sakloron, dongaku

Kringinan,28 Desember 2008

Kuntul Putih

Geguritan No Comments

Sawetara Candra lampah
kabujung nempuhi lakuning warsa

Ibering manuk Kuntul Putih
Rampak rampak saka langit kidul
Kadya mega putih memplak ing gegana
Kaaras sumiliring samirana

Sedhela kedhokan dadi jujugan
Lembuting samirana ewasemana
Dadi lan gandrunge Si Kuntul Putih

Eman dene…
Cleret tahun teka tanpa kanyana
Desa dadi tanpa cara gawe gela
Dene kutha dadi tanpa tata damel cuwa
Cekaking ujar kabeh ambyar

Lakune Kuntul Putih dadi dheyek-dheyek
Ngupadi semiliring samirana
Sing jebul wus tumiyup
Bareng tangise randha lan arek-arek
Nunjang palang kesasar pating blesar

Sepira budimu heh Kuntul Putih
Tutugna lakumu mengetan kidul
Yen wis katon-katonan ing ndhadah
Ana kembar mayang temanten cacah enem
Upadinen lan rumaten kanthi temen

Ilining banyu godhong melathi ing parak isuk
Muga tetulung memanis esemu ing mbesuke
Muga Gusti kang Maha Agung paring pangestu
Ing sakdawaning lakumu
Donga lan upaya iku wis pancen kudu

Klaten,5 Januari 2009

Sri Ganthil

Geguritan No Comments

Duh Sri Ganthil..
Delengen esuk iki Sri Ganthil
Swargaloka sajake macak ing mayapada
Padhang jingglang katon sumebyar jareku
Apa maneh rerenggan swaramu Sri Ganthil
Edi peni semanak ing ati

Ewadene….
Ing esuk iki Sri Ganthil
Ana janma sing lagi cepak duhkita
Ana menungsa sing bakal nandang cuwa
Kuwi dudu klerumu ya Ganthil

Krana…
Ana Ujaring kandha
Yen sliramu peksi rajamala
Aja dadi atimu ya Ganthil

Oncating nyawa saka raga
Uwaling sukma saka jroning dhadha
Wus tumata lan ana sing nata
Lan iku dudu sliramu Ganthil

Mulane ya beng…

Aja lunga ya Sri Ganthil
Apa maneh kendhat anggonmu lelagon
Sapa maneh sing arep memaes esukku
Ya mung lelagonmu sing dak antu

Ing ngarep lawang iki Ganthil
Aku panggah nunggu lelagonmu,luweh…
Dene aku kudu ndhudhuk lemah sarean
Mengko awan….

Klaten,30 Desember 2008

Panantangku

Geguritan No Comments

heh donya..!!!!
Suweken amba bolong kupingmu
celekna wiyar ambyar maatamu

rungokna… !!!!
pisan ora tak ambali maneh

Mrene….
pothengen tanganku
tugelen sikilku
antilen ndhasku
tunjeken dhadhaku
remuken awakku
tigasen janggaku
remeten atiku
juwing-juwingen rasaku

sa katogmu
gage….!!!!!

sak nyari wae
aku ora bakal endha undur…!!!