Tulisan Ing Dluwang Sasuwek
January 14, 2009 3:39 pm GeguritanSuwekan dluwang iki isih tak simpen dhi
Tulisanmu isih lamat-lamat katon
Dak tamatke dhela ngetung lawang sak kutha
Dene aku kudu metani aksara siji-siji
Saumpama aku kudu mbedhah ukara kang kepatri
Kawedhar ana ing tulisanmu dhi
Blesare kabar kabur kang semawur
Antaraning ati kang ajur mumur
Lan pengarepan marang udan ing wayah sore
Saumpama wit-witan wis kadung rubuh
Katerak rosane angin wayah ratri
Nuli ngaburake angen-angene gegodhongan
Saora-orane isih ana lintang aran sena
Panggonan kanggo sambat lan suwala
Yen sliramu takon ana rasa apa?
Rungokna iba tangise dahana ing ngrawa
Yen sliramu takon tekan sepira?
Dawane ora nganggo udakara mbok menawa
Ya mung kari papat catur sing dadi wuninga
Rubuhing wit-witan ing gunung lima
Banter playuning angin kang nampeg dhadha
Gogroke gegodhongan garing kang kajuwing
Uga barek pengarepe lintang sena
Dhi…
Nalika dluwang iki dak lempit
Lekas udan deres sesore mbendhe
Dak simpen primpen ana sangisore bantal
Muga bisa gae pepeling nganti mbesuk tahun dal
Mbok menawa…
Klaten 14 Jjan 2009
