January 14, 2009
Geguritan
No Comments
Suwekan dluwang iki isih tak simpen dhi
Tulisanmu isih lamat-lamat katon
Dak tamatke dhela ngetung lawang sak kutha
Dene aku kudu metani aksara siji-siji
Saumpama aku kudu mbedhah ukara kang kepatri
Kawedhar ana ing tulisanmu dhi
Blesare kabar kabur kang semawur
Antaraning ati kang ajur mumur
Lan pengarepan marang udan ing wayah sore
Saumpama wit-witan wis kadung rubuh
Katerak rosane angin wayah ratri
Nuli ngaburake angen-angene gegodhongan
Saora-orane isih ana lintang aran sena
Panggonan kanggo sambat lan suwala
Yen sliramu takon ana rasa apa?
Rungokna iba tangise dahana ing ngrawa
Yen sliramu takon tekan sepira?
Dawane ora nganggo udakara mbok menawa
Ya mung kari papat catur sing dadi wuninga
Rubuhing wit-witan ing gunung lima
Banter playuning angin kang nampeg dhadha
Gogroke gegodhongan garing kang kajuwing
Uga barek pengarepe lintang sena
Dhi…
Nalika dluwang iki dak lempit
Lekas udan deres sesore mbendhe
Dak simpen primpen ana sangisore bantal
Muga bisa gae pepeling nganti mbesuk tahun dal
Mbok menawa…
Klaten 14 Jjan 2009
January 7, 2009
Geguritan
No Comments
Mbok menawa wis wayahe ya ndhuk
Yen Kanugrahan lan kabegjan wis padha gathuk
Apa maneh kabeh wis padha sarujuk
ananging…
Tak rasakne ana sing beda
Beda amarga ana kang suda
Ora kabeh suda pancen
Ndhuk
Sapa maneh sing ngramut kembang ngarep omah
Sapa maneh sing njangan tahu karemanku
Simbok saiki wis ora patek permati
Dene Bapak ya ora pati gemati
Senthongmu saiki kothong ndhuk
Mak tratap saben aku liwat
Ah bocah iki….
Nyandhak rong dina sesuk
Ameh telung windu tinggal sak warsa yuswamu
ah.. muga-muga Gusti paring berkah lan kebegjan
mring kowe sakloron, dongaku
Kringinan,28 Desember 2008
January 7, 2009
Geguritan
No Comments
Sawetara Candra lampah
kabujung nempuhi lakuning warsa
Ibering manuk Kuntul Putih
Rampak rampak saka langit kidul
Kadya mega putih memplak ing gegana
Kaaras sumiliring samirana
Sedhela kedhokan dadi jujugan
Lembuting samirana ewasemana
Dadi lan gandrunge Si Kuntul Putih
Eman dene…
Cleret tahun teka tanpa kanyana
Desa dadi tanpa cara gawe gela
Dene kutha dadi tanpa tata damel cuwa
Cekaking ujar kabeh ambyar
Lakune Kuntul Putih dadi dheyek-dheyek
Ngupadi semiliring samirana
Sing jebul wus tumiyup
Bareng tangise randha lan arek-arek
Nunjang palang kesasar pating blesar
Sepira budimu heh Kuntul Putih
Tutugna lakumu mengetan kidul
Yen wis katon-katonan ing ndhadah
Ana kembar mayang temanten cacah enem
Upadinen lan rumaten kanthi temen
Ilining banyu godhong melathi ing parak isuk
Muga tetulung memanis esemu ing mbesuke
Muga Gusti kang Maha Agung paring pangestu
Ing sakdawaning lakumu
Donga lan upaya iku wis pancen kudu
Klaten,5 Januari 2009
January 7, 2009
Geguritan
No Comments
Duh Sri Ganthil..
Delengen esuk iki Sri Ganthil
Swargaloka sajake macak ing mayapada
Padhang jingglang katon sumebyar jareku
Apa maneh rerenggan swaramu Sri Ganthil
Edi peni semanak ing ati
Ewadene….
Ing esuk iki Sri Ganthil
Ana janma sing lagi cepak duhkita
Ana menungsa sing bakal nandang cuwa
Kuwi dudu klerumu ya Ganthil
Krana…
Ana Ujaring kandha
Yen sliramu peksi rajamala
Aja dadi atimu ya Ganthil
Oncating nyawa saka raga
Uwaling sukma saka jroning dhadha
Wus tumata lan ana sing nata
Lan iku dudu sliramu Ganthil
Mulane ya beng…
Aja lunga ya Sri Ganthil
Apa maneh kendhat anggonmu lelagon
Sapa maneh sing arep memaes esukku
Ya mung lelagonmu sing dak antu
Ing ngarep lawang iki Ganthil
Aku panggah nunggu lelagonmu,luweh…
Dene aku kudu ndhudhuk lemah sarean
Mengko awan….
Klaten,30 Desember 2008
January 7, 2009
Geguritan
No Comments
heh donya..!!!!
Suweken amba bolong kupingmu
celekna wiyar ambyar maatamu
rungokna… !!!!
pisan ora tak ambali maneh
Mrene….
pothengen tanganku
tugelen sikilku
antilen ndhasku
tunjeken dhadhaku
remuken awakku
tigasen janggaku
remeten atiku
juwing-juwingen rasaku
sa katogmu
gage….!!!!!
sak nyari wae
aku ora bakal endha undur…!!!
August 29, 2008
Geguritan
No Comments
Death is easy to tell
telling the pale smile
and the transparant smile
Those red eyes are keepin’
blue inside, waving
sounds of broken words
next to me he stood
shivered on his feet
chanting mantras
when I’m down and out
it’s her I miss
he said
‘…ku ingin kau tahu
ku bergetar merindukanmu
hingga pagi menjelang…’**
since today or tomorrow
is just absolutely the same
I said
messed upon him
fixed upon everything
Death is hard to believe
**(ingin pulang-SO7)
July 17, 2008
Geguritan
No Comments
One man down let us to read
Lay down facing the blue sunset
And the northern star on his head
Under the grass you’ll stay
Upon the trees we’ll pray
To you and your beloved
As we say your name we wish
safe and forgiven may upon you
in the new somplace else
And like i always do
far away from you all
farewell, all things must past
(it was seven days and its along-long time,
but fifteen years just like a blink of an eye)
July 17, 2008
Geguritan
No Comments
ndhas buneg, utek mandheg, mbuh aku ra nggadheg!!!!
budheku ngendika, istigfar le, istigfar
lerem dhisik, lerem mandheg dhisik
di tata atine aja grusa-grusu
ati kemrungsung gawanane ala, ora becik
raup apa adus sing resik kana
sumelehna ati, aja prang prung tinggal minggat
wis ya le, ndang rasah di endhe-ndhe
mumpung durung kebacut
June 11, 2008
Geguritan
7 Comments
aku terkucil
sementara lembaran kartu melayang
derai tawa dan remuk redam amarah beradu
aku brasa bodoh
ketika kerasnya minuman melenggang
menghantam tenggorokan
menghantar lontaran ricauan sumpah serapah
sedetik rasa sesak nafasku mendesau
aku lebih terkucil lagi
ketika sang wanita penjual daging
tertawa terkekeh dengan genitnya
menenteng anggur setan di pangkuan
sementara aku di kegelapan
sendiri……..
dan ketika kudapati Khanzab
disisi kiriku
cuh..cuh..cuh..!!!
enyahlah kau Khanzab terkutuk
semoga mata ini tertipu
karena seberkas cahaya sedang memendar
di kepala mereka, mereka menolak..
ooh..
(Tulungagung,8 juni 2008)
April 6, 2008
Geguritan
No Comments
Aku dhewe ora ngira mas, semono uga sampeyan
Sauntara rong minggu wingi aku ketemu sampeyan
Silaturahmi, mesisan sampeyan njaluk tulung aku
Atur-atur tahlilane Mbah Menta na omahe sampeyan
Aku isih eling uga
Aku isih eling temen wektu iku isuk sak durungi solat ied
Sanalika aku ngglangsar ing protelon Aseman
Gluprut cangkemuku karo lemah, rambut acak-acakan
Ameh wae sepeda motor uga katut klalen kanthi kunci cementhel
Tak tinggal
Aku lamat-lamat weruh sampeyan mapah aku
Ana ndaleme Pak Kamto
Lakuku pancen ora pati jejeg donya rasanye kaya munyer wektu iku
Lamun kasiram banyu adhem ing sirahku
Sawetara wektu aku sadhar, thenger-thenger
Aku ngerti sampeyan mesthi misuh-misuh wektu iku
Nyoba nyadharke aku
Aku khilaf mas, aku dhewe uga gela karo awakku dhewe
Sedina aku ndhelik na daleme Pak Kamto
Rasa kuwatir saumpama ramaku murina
Tulung ruwaten sepedhaku ya mas
Aku yakin marang sampeyan ora mung kuwi mas
sing mbok eling-eling
Isih akeh sing luwih becik tumindakku katimbang iku
Nanging aku yakin sampeyan ora bakal lali marang isuk iku
Mas, tak wenehi wuninga mas ya
Mbokmenawa sampeyan balik saka Surabaya
Ora susah nggoleki aku maneh
Umpama kepeksaa perlu karo aku
Aku saiki neng mburi mejid Baitul Kariem
Na kono pesareanku saiki
Mbuh aku dhewe ya ra mudheng knapa aku bisa nang kene
Untara jam 2 wengi aku sapedhaan karo Mas Romdhoni
Sepdha ujug-ujug mencelat nyungsep ing wangang
Kersaning Gusti aku lan sepedhaku kagubel geni
Saking gedhene geni mbok menawa mas Romdhoni
Ora bisa tetulung
lan dadi pesthenku
Aku dhewe ya ra ngerti yen rong minggu kepungkur
Tetepungane awake dhewe kang pungkasan ing alam donya
Ya wis mas,aku dhisikan
Kariya slamet anempuhi raharja
Mbok menawa ana salahku karo sampeyan sepuranen aku mas ya..
Sekelumit memori dengan sudara teman adik Arif fachrudin.
Innalillahi wa inna ilaihi rajiun
Wis tekan samene Rif muga-muga dalanmu padhang ing alam kubur
Minggu 6 April 2008