Mohammed’s Allah
August 19, 2008 Last book I read No CommentsSawetara waektu kepungkur, penulis sempat maca buku kanthi judul Mohammed’s Allah kang ateges Allah e Muhammad. Buku gratis kang kapethik/download saka website kagungane Syekh Ahmad Baki piyayi saka Turki kang asring nerjemahke buku karangane Syekh Ahmed Hulusi.
Buku iki kapinujon tinulis nganggo bahasa inggris dadi penulis ya rada grothal-grathul anggone nelaah isine. Ya dimaklumi wae wong penulis kuwi wong jawa totok durung pati teteh lan titis maca kanthi permati buku sing tulisane nganggo basa Inggris.
Saking grothal-grathule penulis sing maca buku mau, mula ya maklum, antarane telung dina lagi oleh wacan rong bab wae. Ananging masiyo lagi rong bab kang wis kawaca uwis gae kaget kanggone penulis. Mbuh merga saking pintere pengarang apa saking bodhone sing maca.
Konsep sing ditawarke ana buku iki sakjane wis lawas lan wis ana suwe banget ing donya Islam, ananging mungguhing penulis,lagi iki ana buku sing nerangake kanthi gamblang lan cetha konsep iki. Konsep sing dimaksud penulis iki ora liya konsep kang magepokan marang ilmu hakikat ing agama Islam. Konsep iki tekan dina iki isih dadi pro kontra ananging ora ana salahe mengo sethithik kanggo ngungak kahanan njaba.
Saka rong bab wae, konsep sing di tawarke dening syekh Ahmed Hulusi ana beda kang gedhe antarane konsep sing umum lan sing uwis-uwis mungguhing penulis, ananging ora mlenceng anggone ngugemi prinsip-prinsip dasar sajroning agama islam. Sing dak karepke prinsip dasar kayata rukun islam lan iman tetep padha sing mbedakake mbok menawa penafsirane wae.
Kang dibahas kaping pisanan ya iku masalah tauhid, tauhid banget penting tumraping para muslim kabeh. Konsep larangan nyekutokake Allah lan perintah ng-esa-ake Allah ditekanake banget kanggo pemeluk agama islam. Masalah tauhid iki ora kena di tawar-tawar maneh, kang ateges kabeh sok sapaa wong sing ngaku muslim ora kena nindakake apa kang diarani syirik. Kuwi wis sak trep wis cocok antarane konsep Syekh ahmed hulusi klawan konsep sing kalebu umum.
Mbahas masalah tauhid sabanjure ya ora lali banjur mbahas masalah kalimat tauhid sing ora liya La Ilaha illallah kang ateges nora ana sesembahan sing haq kajaba mung gusti Allah. Ananging sajroning buku iki ora kaya mengkono tafsirane lan artine. La Ilaha illallah ing buku iki diarteke lan ditafsirke, “ora ana sesembahan, sing ana mung Allah”, yen di jlenterhke maneh sing jenenge sesembahan yen basa Indonesiane Tuhan kuwi saktemene ora ana, sing ana kuwi ya mung Allah. Allah iku dudu sesembahan, dudu Gusti Pengeran. Allah iku ora butuh di sembah ananging kita kudu ngabdi.
Penafsiran kaya mengkono iku mau jelas-jelas penafisran sing ora umum, ananging kanggone Syekh Ahmed Hulusi pancen ya kaya mengkono anane. Tumrap wong awam jelas penafsiran kaya mengkene iki jelas-jelas mlenceng adoh kaya tafsiran sing uwis-uwis. Tumrape tafsiran sing wis umum lan sing uwis nganggep nek Allah iku sesembahan, Gusti pengeran sing kudu disembah. Tumrape Ahmed Hulusi ora, Allah iku dudu sesembahan lan ora perlu disembah,lan Allah ora butuh disembah. Allah iku Ahad, Somad lan lamyalid sarta lamyulad.Allah ora butuh disembah nanging kudu diabdi, di ibadahi mangkono anggone Ahmed Hulusi njlentrehake.
Di jlentrehke maneh ana ing bab sakteruse bedane antarane nyembah(whorshiped) klawan ngabdi(servitude). Banjur apa ana bedane antarane nyembah klawan ngabdi. Nyembah mono mungguhing buku iki syarate ana loro, ana sing nyembah lan sesembahan(Tuhan/apa wae) dene ngabdi kuwi ateges tindak-tanduk kang kudu dilakoni sawenehing individu kanthi cara-cara tartamtu merga ana posisi sing beda utawa merga ana alasan-alasan sing ngudokake.
Penulis sajak ora pati percaya kanthi jlentrehan kaya ing dhuwur mau lan banjur mbandhingake lan niliki buku tauhid anggitane Imam Abdul Wahab. Bab kapisan di buka lan ketemu bab sing njlentrehake bab utamane tauhid.
Surah sing kaping pisan sing dipaparke ya iku surah al-Dzariyat:56 kang isine”Lan ora Ingsun ciptakae bangsane Jin lan manungsa kajaba mung ngibadah marang Ingsun”
Ing surah iki tembung liya’budu wis sa trep menawa di artekke ngibadah, ngabdi, servitude.
Surah kaping pindho yaiku surah An-Nahl:16, ing kene ana perintah supaya menungsa pada ngadohi apa sing jenenge taghut”Sembahen ingsun lan dohana taghut…” tembung sembahen iku mau tembung asline yaiku tembung ani’budu kang ateges ora adoh saka perintah ngibadah,ngabdi lan servitude iku mau. Nanging keneng apa bisa diartekae sembah,nyembah, worshiped. Kedadeyan kaya mengkebe uga ana ing ayat sing ditulis sabanjure.
Nanging yen digatekke kanthi temenan, yen ana ayat kanthi surasa perintah ngibadah iku mesthi diterusake perintah sing jelas lan kudu di tindakake tumrap manungsa lan jin kayata ing surah al Isra:23-24. Ing ayat iki manugsa diperintahake supaya aja sok pisan-pisanna ngibadah/ngabdi marang saliyane Allah lan ditutugake kanthi perintah supaya tumindak apik marang wong tuwa sakloron. Sing aneh, tembung La ta’budu di artekke ‘aja pisan-pisan nyembah’ kudune rak ‘aja pisan-pisan ngabdi’ utawa ngibadah.
Sing dadi pitakonan apa bener yen antarane Ilah lan abd’ iku pancen padha, ananing yen padha keneng apa ing kalimat tauhid iku tembung Ilah diarteke sesembahan lan ukara abd’,ibadah ing ayat-ayat kang magepokan uga diarteke sembah,nyembah,whorshiped. Kamangka tegese tembung abd’ iku jelas-jelas artine ngabdi, ngibadah, servitude lan tembung ilah iku ateges sembah,nyembah, whorshiped. Lan apa alasane kok nganti tembung abd’ iku diterjemahke dadi tembung sembah. Kudu perlu belajar basa arab sajake :D
Pitakonan sabanjure keneng apa menungsa lan jin kudu ngabdi utawa ngibadah marang Allah?? Ing buku iki sabanjure para maos kabeh dianjurke nelaah surat Al-ikhlas kang dibahas ana ing bab sabanjure kanggo njawab pitakonan iku mau. Nha ndilalahe iki penulis durung sampe maca tekan samono dadi ya critane disimpen dhisik tekan samene, tak nutugke anggonku maca buku soale basane basa planet liya je.
